paket wisata pulau harapan kepulauan seribu
[3][headline][slider-top-big][Head Line]
You are here: Home / , , The Challenge

The Challenge

| 9 Comments
Malaria Papua iki pancen rodok kereng, lha mosok lagi sak ulan nang kene wes kenek penyakit iki peng papat, lah wong aku limang taon nang kalimantan ae cumak kenek peng pindo. Seng saiki kumat maneh iki rodok aneh pisan, sabendino kumate rodok rajin, ben tangi turu isuk biasane awak seger, koyok wong sehat seger waras..ras pokoke, mari adus, sarapan, ngopi sak rokokane kabeh mari sampek jam songo-an. Lah iki.....sejam maneh mulai arep teko, biasane sitik-sitik mulai nggreges, ngelu sampek akhire aku kudu bungkusan rapet koyok entung, mlungker dibrongsong selimut tebel, persis koyok uler arep dadi kupu. Biasane kondisi koyok ngene mari sampek jam papat sore, alon-alon waras maneh, seger buger koyok wong sehat. Seng koyok ngene iki rutin bendino, mulai nggreges jam sepuluh, mari jam papat, sek talah aku iki loro opo kesurupan yo? koyok kelebonon jin iprit, waras, gendeng, waras, gendeng.....

Isuk iki aku rodok seger, mari tangi turu metu tekan tendo langsung nang kali, mumpung jin-e durung teko tak sempetno adus nang kali soale lak wes wayahe, penyakit iki rodok gak kenêan karo banyu, njobo kulit panas tapi njero kademen, lak kenêk banyu tambah katukên. Mari adus pengen mlaku-mlaku nikmati howo seger, sekalian mampir nang gubuke wong bugis seng lagi kerjo nggesek kayu nang alas, sekalian nunut njaluk kopi, enak njaluk timbange nggawe dewe hehehhehehe

Kopi wes dibagi roto nang wong enem sêng lungguh ndeprok muteri asbak, persis koyok arep kenduren. Pak sugik, ketua rombongane seng mbagi kopi sak gelas nang aku, monggo mas diunjuk kopine, pak sugik mbuka omongan karo aku. Sampean lagi pisan nang papua yo mas, ora pak, iki seng kepindone, wingi sak ulan juga wes nandangi rene, sakulan nang lapangan, sakulan cuti pak, sekalian aku njelasno tugas penggaweanku gae mbuka kenalan.

Owwh, lak pak sugik iki wes lumayan puluhan taon nang deso kene mas, melok transmigrasi tekan sulawesi selatan, pengalaman pertama yo koyok sampean ngene iki, kenalan karo lamuk, jare wong kene lak durung kenek malaria karo pak lurahe ora oleh nggawe KTP mas hehehhehee. Tapi mas, seng paling berkesan gawe pak sugik pas kenalan karo kewan elek, sikile papat, congore lincip, wernone ireng, ambune sengak gak tau adus, munine nguik-nguik. Sektalah pak, tekan pertama nang papua kok aku mesti dikaitno karo masalah "congor lincip" yo pak? iki kewan opo maneh pak? ndadak aku nyela critone pak sugik soale penasaran karo masalah "congor". Iku ngono Celeng mas....

Nang kene celeng dadi tantanganku mas, nang kampunge wong bugis sakjane celeng iku wedi karo menungso, tapi celeng papua koyoke kok rodok bonek, pak sugik nyoba negesno nang aku, pengalaman iki kedaden karo konco-koncoku pas mlebu alas golek kayu wangi, lagi enak-enake mlaku Mbah bejo, siji-sijine wong jowo nang rombongan ujug-ujug mbêngok sak kencenge...Awass..onok celeng..Awas...onok celeng....wah krungu celeng, kabeh podo mlayu pating kipat, onok seng mlayu ngetan njebur kali, mbah Bejo malah arep menek uwit Matoa, ketok kreyelan soale wes kewut tinggal balung, kulit karo êntot.

Pak Sugik sek tetep bertahan ngadeg jejeg karo pasang kuda-kuda, rodok bingung ndelok kelakuan wong-wong seng podo mlayu keweden karo celeng. Sektalah menungso kok karo celeng malah keplayon, lah iki seng kudune dadi menungso sopo, seng dadi celeng sopo rodok nggumun. Pak Sugik gak gelem kalah, mosok seh aku kalah karo kewan cilik iki, lah wong celeng siji wae kok wedi, menyisan celeng sak republik kene tak tandangane, Pak Sugik mbeten tur gemes.

Singkat cerito, eleng-eleng koyok pilem jinggo, Pak Sugik karo Celeng wes posisi dep-depan koyok koboi seng arep siap tarung sampek matek. Si Celeng, moto karo atine wes panas ndelok menungso siji seng ngengkel arep nantang gelut iki, sikile wes njupuk ancang-ancang arep nyeruduk. Pisanane Pak Sugik misuh-misuh ndelok musuhe seng saiki, lah biasane nantang jawara eee kok saiki ditantang karo kewan, karo siap posisi, tangan tengene pak sugik wes menghunus pedang panjang...kalo berjalan prok..prok..prok..pak sugik seorang kapiten.... lha kok malah nyanyi seh...

Celeng wes mulai mlayu kenceng lurus (ket biyen lak kenceng iku artine lurus pak...tapi lak nang jakarta kenceng artine banter), yo wes....kenceng, lurus tur banter, ngalahno kecepatane ojeg ngejar setoran, begitu wes cidek sasaran, rupane Pak Sugik gak kalah gesit karo celenge, ngeles sitik karo mbabat sak kenceng-kencenge (lak iki artine banter duduk lurus), jebreetttt!!!!! Ayo kenek kepret pedangku koen leng...(maksude celeng). Rupane Pak Sugik lumayan rodok titis, congor celenge kenek kepret gabyur getih gloyoran koyok wong mabuk. Mati koên....

Duduk Celeng Papua aku pak lak baru kenek sebetan pisan ae wes ambruk, lak oleh ngomong kiro-kiro ngono jawabane celeng mbales sumpahe Pak Sugik. Bener....rupane sek isok ngadek maneh, ngos-ngosan dilut soale mari mlayu sprint, njupuk ambekan terus arep nyruduk maneh.....

Semprul pancen celeng papua iki, wes kaping papat kenek sebet gak ambruk-ambruk, koyoke iki ojok sampek seng peng limone, isin rek dadi wong bugis lak gak isok ngalahno celeng, masio gak wani mangan soale karo agomo ora diparengi, tapi lak sampek mlayu mending isin timbang wirang..lha....Iki jurus terakhir leng....pas wes posisi cidek, Pak Sugik mencolot nang nduwur wusss....bablas angine......begitu pas karo posisi celeng Pak Sugik ngeluncur karo pedange ngarah nang endase.... mak tlesep...pas persis kenek gulune...gubrakkkk si celeng ndelosor ngambu lemah.

Lego rasane....rodok kemringet Pak Sugik gedek-gedek karo pengalamane seng anyar iki, padu karo celeng sak umur urip baru dirasakno nang Papua iki. Kapan maneh lak ketemu celeng koyoke aku mending melok mlayu timbang nandangi, ketimbang apes lak penting golek slamet, lah lak isin lak kiro-kiro mbesok onok kabar Pak Sugik nang Rumah Sakit gara-gara perang karo Celeng.....Rupane iki duduk pengalamane ijen Pak Sugik, Pak Kembo seng asli wong kene pisanane tau ngalami kedaden seng podo, untung onok kancane seng langsung ngewangi, ditumbak tekan adoh, padahal pak Kembo wes tibo ndlosor gara-gara di sruduk celeng, kurang sitikae iso bablas.

Wah iki cerito seng paleng seru seng tau tak rungokno nang Papua, celeng Papua doyan tarung karo menungso, untung gak doyan duit koyok celeng jowo...lha iku Celeng Ngepet, kewan kok doyan nyolong duit, tapi ngomong-ngomong sedulur tau krungu "kecoak ngepet" gak? lah lak iku mending sampean takon wandi ae, dekne seng nguasai ilmune. Tapi lak pengen ngerti CMS seng judule raiceleng, sampean coba kontak Perusahaan Duren.Inc, perusahaan merek buah-buahan seng produksi kewan-kewanan.

babi rusa
Babirusa. Babi koyok Rusa opo Rusa koyok Babi

Celeng Ngepet


Aku sempet kepikir, kenopo kok ilmu nyolong iki nggawe simbol celeng (babi) yo? kok gak codot, tikus opo bedes?....lan jarene celeng ngepet iki mlakune gak ndlujur lurus, tapi miring....coba sampean bayangno onok celeng mlayune mereng...wakakakaakak kok gak menisan njungkel pisan ae ben isok melok sirkus, dadi gak perlu nyolongi duite wong liyo maneh.

Sek, aku ngerti jawabane, soale ndisek wong jowo kenal istilah "nyelengi" kenopo kok gak "mbedesi" opo "nyodoti"? halah...soale pas jaman kolo biyen (=disebut jaman penthol/pentholitikum) iku wong ndisek sek doyan mangan celeng, dan soale durung onok Bank, wong mbiyen nabunge bentuke celeng, lak butuh duit mendadak yo tinggal ngedol celeng, mesti payune gae nyukupi kebutuhan bendinane. Mangkane lak krungu istilah "aku arep nyelengi" maksude yo nabung gae sangu bentuke celeng, nyelengi celeng.

Lak wong Bali lebih ngerti istilah "Patungan", soale mari patungan mesti ditukokno patung, lak Amrozi aku yakin lebih kenal Bantingan, mari bantingan terus tuku Mercon banting. Lah lak saweran rek? mosok ditukokno sawer seh? pikiren dewe rek...

uconkie: lagi belajar nulis boso jowo seng gak gawe pakem, susah juga yo tibae, nge-blog boso jowo timuran yok ker...boso jowo timuran kie lebih penak ngawure, gak perlu nganggo tatanan ruwet, anggep ae koyok ludrukan...ngawur, lugas tapi jujur